esuk-esuk kaya biasane bu lina wes eyeg . gawe ndog ceplok karo ndog dadar nggo sarapan anake sing sekolah smp , tk karo sarapane Pak Bambang sadurunge mangkat nyambut gawe. Mesih tanggal las-lasan sarapan lawuh ndoh, mengko dong wes kur-kuran ya baris ngantri ng Yu karni sing dodol sarapan ponggol sapincuk 2000 perak.
mepet jam pitu bu Lina nganter anak lanang sekolah tk. Sing arane sekolah tk sanajan bocah sing sekolah sekelas tok tapiken sing nganter ya jumlahe paling ora sakelas dewek , wong dodol jajan apa bae ana. soale kari bocah njaluk ora ditukkna tane pol-pole nangis ngejer.
Biasane bocah-bocahe sibuk sinau ng njero kelas ibu ibune sing nganter neng njaba ya sibuk juga. ndopok ngalor-nglidul. ana sing ngrasani si A, ana sing lagi tawa dagangan ana maning sing lagi mejet hape. wateke dewek-dewek.
ngandakna watek kye ana crita klakuane Bu Wahyu( aran asal nyomot kye - mung crita) sing gawe enek. kari ndeleng gayane ta semugih. rambute di rebonding lempeng alus laler menclok be kayong kepleset, pipine ya alus , alise njlirit , jare ta saben wulan setor rai maring salon pkoke ekonomi duwur lah .
meneng-meneng dit sing ndi donge Bu Wahyu kari dandan kaya artis sinetron kuwe ...??? kari ndeleng pegaweane Pak wahyu ne sing PNS golongan biasa bae kayong belih percaya nganti kaya kuwe toli ya ora nduwe sampingan apa-apa.
yen krungu kandane bu neni ta kaya kiye jarene bu wahyu kuwe sokan utang mana mene. Kari pan utang kayong nggosog nemen pirang pirang alesasne. sing mengko rong dina tak belekna, lagi butuh pan nggo brobat mbahe bocah sing lagi mencret, pan nggo bayar piknik si mbarep ... na ana bae alessne. Toli ya kari utang neng wong ora siji tok, si A mingu kiye yu n lagi minggu winginane yu b bulan kiye ... kayong wes ana daftar targete toli apal wong sing wes tau diutangi.
sawijine dina bu wahyu nembung pan utang maring tanggane sing bu guru ngajine anak lanang. Bu bu guru ngapurane kulo bade ngrusuhi ... jare bu wahyu .... Ana apa bu.... jawab bu .. kiye nyong pan arisan neng kantor tapiken laka sing nggo setor ... pimen yen bu guru nyilihi duit ndisit nggo setor arisan .. mengko kaari olih tak sauri wong gari wong telu tok sing durung olih ko bu ustadsah ...Plaura kari olih arisan yen ora olih kepimen ... temenan olih ko bu ... pirasate kulo kaya kuwe... kyeh tak kandani ya bu wahyu ,,, nyong ta olih krungu sing tanga kiwa tengen ngarep mburi ... jare sampeyan duwe utang mana mene toli durung pada di sauri .... ??? kye pan nyilih maning maring enyong ..??????? kari kaya kuwe ta or bener bu ... kocape utang ya kudu nyaur ... kari ora bisa ya semaya kapan pan nyaure ... masalah utang kuwe di gawa maring leng wayahe mujur ngalor bu .... Toli keh keh tanga-tangga pada isin pan nagih wong sampeyan wes di tagih ka mengsal mengsol bae ... malah pada isin kaya tanggane sing duwe utang .... temenan kuwe ora bener bener ... kari dadi lakon kuwe arane SOLEMAN .... kari pan utang ngesol-ngesol wayahe nyaur eman-eman .... yuh pada di dandani watek sing ora apik kuwe ....
0 komentar:
Posting Komentar