Pages

Minggu, 10 Januari 2010

Bunglon

Bunglon kuwe salah sijine kewan sing duwe keistimewaan.  Bisa warna ijo neng  tengah-tengah suket,  mung sadelat menclok neng wit pelem ujug-ujug warnane malih dadi coklat kaya gagang wit pelem.  Kari dipikir sebenere nggo apa dongen ganti-ganti warna ana apa yah....... Eh jebule barang weruh ana manuk  menclok neng kembangan  tane dicaplok kucing  dadi rada ngarti keh.  Kuwe bunglon neng suket ijo ya ijo neng wit-witan dadi coklat  maksude eben slamet yah , mboken ente weruh tane dicekel sih,,,,,hehehe ......Ajib ah. Kabeh kuwe  pertanda kari Gusti Allah  paling pinter, paling sayang karo sing digawe dadine ya sisan dipepeki piranti eben    slamet.

Tane apa hubungane bunglon karo menungsa kiye......?
Kaya kiye batir ........ (apen-apen  temuwa ..........)
Manungsa kuwe di gawe Gusti Allah  diluwihi karo akal pikiran mangkane saknajan ora manglih-manglih warnane ya kudu mikir dewek pimen eben slamet,  njagani   pangonan  eben bisa awet dienggo.
Hasile saiki wis katon oya  kari ana gunung pan njeblug wis ana alat sing mei pertanda, kuwe be  Gusti Allah mesih maringi  pertanda kewan-kewan sing pada glijagan. Conto maning  wis ditemukna  alat sing kanggo niteni kari pan ana tsunami.  Ajib ah, pinter nemen  menungsa....... mesti sing  gawe luwih pinter belih   ...?

Ana maning crita menungsa bunglon .......
Kaya kiye ......
Si jono ...... jono peyang mbuh jono gepeng lah ...... pokoke jono
Barang weruh bunglon tane melu-melu  molah-malih warna  ben cocok karo pangonan sing dinggoni utawa  delelng-deleng kanca batir sing dijak dolan. La sih kepimen .... awake  apa rambute di cet ........?
Ora kaya kuwe  sedulur ........
Si Jono kuwe sebenere pinter ......., tapi pintere tane  nggo pinter-pinteran dadine keminter o ...... watane sing dinggo dudu akal pikirane menungsane  tapi  sipat bunglone ......
Waktu malem Jumat melu Yasinan  neng umahe  Wa Kaji  Drajat, anggon-anggone ya katon wong sing tu'maninah, sarungan pecinan toli klambi kokone neng sake ana  buku Yasine,  kari sila be  kayong wis luwes biasa nderes. Wis katon  100% alim.

Eh ... lah  liya dina maning  daning  Jono kumpul karo  Parno (  Parno gondrong mbuh Parno butak wis...... pokoke Parno ) njagong sila ..... neng tangane ya  nyekel kertas .... tapine kertas kartu gaple ....! Apa maning neng pinggire ana wedang banyu putih sing ora gawe sehat ..... Jono.....Jono pancen koh ya ....


Kari kanda wong waras dongen ta aja  kaya kuwe Jono.........
kari alim ya alim bae ..... kari mblatang wong urip kuwe saya mana saya tua malah perek mati  sipat sing ora apik dibuang bae .... aja kaya kuwe  karo wong alim  melu alim kari karo wong  nakal koh ya melu nakal yah..

Kiye kanda sipat  menungsa bunglon  maning .....
Kaya kiye.........
Menungsa  di gawe karo Gusti Allah diluwihi karo akal pikiran dadine bisa  sinau  bahasa sing pirang-pirang maceme...... eben aja digorohi seh ...... mulane kudu sinau basane  lan sipat-sipate wong  Landa, Cina , Jepang , Arab lan bangsa-bangsa  liyane sing ana neng dunya dadine kari pan kerja bareng,  ana kontrake bisa paham maksud tujuane, untung rugine  tur gampang nglendoine .......
Menungsa bunglon sing duwe kepinteran kaya kiye ta sing kudu di lestaikan ..... kaya posil purba bae.....

Wis sampeyan pan dadi menungsa bunglon sing endi wis gari milih ........  soale akibate di tanggung dewek .. nyong ora melu-melu luh ...

0 komentar:

Posting Komentar