Wong nyong asli leluhure wong Tegal ndeles, ema bapa asli turunan Tegal dadine ya nyacak nulis plataran elektronik Tegalan eben tetep eling karo basa leluhur sing dinggo ema bapa embah buyute nyong lagi mbiyen. Saiki be basa Tegal wis jarang di trapna maring bocah-bocah sing jebrol taun 90 mene. Embuh kuwe alasene .... soale nyong dewek ora tau takon maing wong tuane.
Kayonge pada ngrasa minder apa ya kari nganggo basa Tegal. Padahal ya basa Tegal kae salah sijine corak basa Jawa sing tetep nduweni tata krama luhur. Iya o pijar basa Tegal kuwe kari maring wong tua ya tetep dahar dudu mangan belih.
Tau nyong nduwe kanca wong wetan, maksude wong Semarang, Purwodadi,Surabaya, dudu wetan kali his ..............,sing naksir jakwir tapi barang krunggu suarane tane mengkered. Eeeeee ..........durung ngarti kae bocah yah ...
Apa maning Tegal nduweni potensi sing wis dikenal kekuatane , apa maning kari dudu warung Tegal. Coba o sih titeni tau sampeyan menangi warung Banyumas, warung Semarang, warung Brebes , warung Pekalongan ......? Laka oya ... ana ya paling soto banyumas , ndog asin brebes batik pekalongan. Toli ya sing arane basa Tegal kuwe sing nganggo ya wong Brebes, Tegal, Slawi, pokoke awit Pemalang ngulon.
Sejatine wong Tegal kiye apikan nemen koh ( ngalem dewek keh ), ora sombong toli yen di sawang saya suwe saya dadi manise. Lha pimen ora apik atine wong kari dodol sega be murah nemen ,sanajan sing tuku piyayi kari sega rames rendang ndog mung larang-larange pitung ewu, dijamin wareg toli kringeten megap-megap pedesen. Kaya kuwe be sing dodol pada sugih umahe magrong-magrong. Mulane saiki akeh dudu wong Tegal asli pada mbuka warung Tegal sing di jamin BMW bar mangan wareg.
Kanggo sedulur kabeh asli Tegal sing saiki urip luruh pangan neng sa ambane jagag tulung aja klalen karo basa Tegal, basa leluhure dewek , mbokan kari sinau basa Tegal kiye kudu ng Leiden. Poma rong poma aja nganti kaya kuwe ya , kulup ....

0 komentar:
Posting Komentar