winginanen Gus DUr neng tivi
mgudari masalah Demokrasi
saiki nyong ora ngerti
Gus Dur mbuh nang endi
jebule neng tivi Gus Dur wis ditahlili0
Mau kuwe barisan puisi tegalan judule PATI. Diwaca pas acara "Tahlil dan Puisi Tegalan untuk mengenang Guru Bangsa " sing dianakna nang Rumah Apresisi ndeke H. Tambari Gustam nang Jl. Brawijaya Muara reja Tegala Kulon. Acara kuwe dianakna tanggal 31 Desember 2009 pas masyarakat pada umume lagi pada grubyang-grubyung taun barunan. Tapine kelompok seniman Tegal kiye ora nglakoni sing kaya kuwe sebab ngrasa kelangan Guru Bangsa sing merjuangna demokrasi. Tur ya bareng-bareng ngrasakna ngelingan kari pati utawa mati kuwe ora bisa dikira-kira kapan tekane. Mulane nang acara kuwe laka grobyang-grobyong sing disawang katon gemegyar ... ora... mung anane lampi sentier kanggo madangi ben ora peteng ndedet.
Sepaham karo Bapak Gus Dur sing mejuangna demokrasi karo pluralisme ( basa jawane apa kiye ?) Mas Dwi Ery Santoso maca puisi sing nyindir penggede negara sing pada kemaki kemethak sing ndadekna rakyate pada mlarat , urip gi gawe bingung , kaya kiye puisine :
Kwang Kwung
kwangkwung
sing ujude wong agung bakal digulung
ketekan binggung kaya kwang kwung
kwang kwung
kwang kwung
tiba kakehen ngrowoki klapa
manungsa tiba kakehan nggondol duite negara
Kagem Guru Bangsa Gus Dur Ngaturaken Sugeng Tindak , Gusti Allah maringi balesan ingkang setimpal kalih amal tumindakipun.
dikutip dari Suara Merdeka, 2 januari 2010 (alih basa sing nulis)

0 komentar:
Posting Komentar