Bunglon kuwe salah sijine kewan sing duwe keistimewaan. Bisa warna ijo neng tengah-tengah suket, mung sadelat menclok neng wit pelem ujug-ujug warnane malih dadi coklat kaya gagang wit pelem. Kari dipikir sebenere nggo apa dongen ganti-ganti warna ana apa yah....... Eh jebule barang weruh ana manuk menclok neng kembangan tane dicaplok kucing dadi rada ngarti keh. Kuwe bunglon neng suket ijo ya ijo neng wit-witan dadi coklat maksude eben slamet yah , mboken ente weruh tane dicekel sih,,,,,hehehe ......Ajib ah. Kabeh kuwe pertanda kari Gusti Allah paling pinter, paling sayang karo sing digawe dadine ya sisan dipepeki piranti eben slamet.
Tane apa hubungane bunglon karo menungsa kiye......?
Kaya kiye batir ........ (apen-apen temuwa ..........)
Manungsa kuwe di gawe Gusti Allah diluwihi karo akal pikiran mangkane saknajan ora manglih-manglih warnane ya kudu mikir dewek pimen eben slamet, njagani pangonan eben bisa awet dienggo.
Hasile saiki wis katon oya kari ana gunung pan njeblug wis ana alat sing mei pertanda, kuwe be Gusti Allah mesih maringi pertanda kewan-kewan sing pada glijagan. Conto maning wis ditemukna alat sing kanggo niteni kari pan ana tsunami. Ajib ah, pinter nemen menungsa....... mesti sing gawe luwih pinter belih ...?
Ana maning crita menungsa bunglon .......
Kaya kiye ......
Si jono ...... jono peyang mbuh jono gepeng lah ...... pokoke jono
Barang weruh bunglon tane melu-melu molah-malih warna ben cocok karo pangonan sing dinggoni utawa delelng-deleng kanca batir sing dijak dolan. La sih kepimen .... awake apa rambute di cet ........?
Ora kaya kuwe sedulur ........
Si Jono kuwe sebenere pinter ......., tapi pintere tane nggo pinter-pinteran dadine keminter o ...... watane sing dinggo dudu akal pikirane menungsane tapi sipat bunglone ......
Waktu malem Jumat melu Yasinan neng umahe Wa Kaji Drajat, anggon-anggone ya katon wong sing tu'maninah, sarungan pecinan toli klambi kokone neng sake ana buku Yasine, kari sila be kayong wis luwes biasa nderes. Wis katon 100% alim.
Eh ... lah liya dina maning daning Jono kumpul karo Parno ( Parno gondrong mbuh Parno butak wis...... pokoke Parno ) njagong sila ..... neng tangane ya nyekel kertas .... tapine kertas kartu gaple ....! Apa maning neng pinggire ana wedang banyu putih sing ora gawe sehat ..... Jono.....Jono pancen koh ya ....
Kari kanda wong waras dongen ta aja kaya kuwe Jono.........
kari alim ya alim bae ..... kari mblatang wong urip kuwe saya mana saya tua malah perek mati sipat sing ora apik dibuang bae .... aja kaya kuwe karo wong alim melu alim kari karo wong nakal koh ya melu nakal yah..
Kiye kanda sipat menungsa bunglon maning .....
Kaya kiye.........
Menungsa di gawe karo Gusti Allah diluwihi karo akal pikiran dadine bisa sinau bahasa sing pirang-pirang maceme...... eben aja digorohi seh ...... mulane kudu sinau basane lan sipat-sipate wong Landa, Cina , Jepang , Arab lan bangsa-bangsa liyane sing ana neng dunya dadine kari pan kerja bareng, ana kontrake bisa paham maksud tujuane, untung rugine tur gampang nglendoine .......
Menungsa bunglon sing duwe kepinteran kaya kiye ta sing kudu di lestaikan ..... kaya posil purba bae.....
Wis sampeyan pan dadi menungsa bunglon sing endi wis gari milih ........ soale akibate di tanggung dewek .. nyong ora melu-melu luh ...